Ahmad

Pegiat literasi di STAI YPBWI Surabaya, setiap tarikan napas adalah anugerah tak ternilai, tiap goresan pena adalah kurnia tak terhingga, siar segala bajik, ra...

Selengkapnya
Navigasi Web
Layang Wewadi
Sumber gambar: Lukisan di gedung LPMP Jatim

Layang Wewadi

Paino murang-muring, bronpite age-age dijagang, terus olehe mudhun digetno nyet. ora nganggo nolah-noleh mlebu umah. Peraupane mberanang. ora bisa nyingitake kuciwa atine. Yu Jasri sing lungguh ana kursi bale mung ndelomong. Ora ngerti apa sejatine kedadeyan sing marahi bojone mulih kelawan nesu.

Saka buri kerungu swara banyu saka cibuk. Gemebyur. Kakunge adus wuwung. Yu Jasri wis apal, biasane yen nesu, Kang Paino ora kena diganggu. Apa maneh dituturi utawa dipaido. bisa-bisa perang bratayuda. Nanging, yen wis lerem, atine wis ora gronjalan maneh, bojone bakal cerita tanpa dijaluk.

"Dhahar, Kang!" ucape Yu Jasri sinambi nyawisna rampadan ana dhuwur meja.

Ora krungu swara semaure kakunge, Yu Jasri njur nyepakke andhuk, diseleh ana dhuwur lawange jedhing. Banjur nerusake nyepakna dhaharan. Nadyan kagolong panganan ndesa, nanging masakane Yu Jasri asring dilem kakunge. Phisical distancing, sing ndadekna bakul sayur ora keliling kampung ngiderke dagangane, ora ndadekke Yu Jasri kentekan akal.

"Mlebu kampung saiki repot, wegah. Nganggo ditakoni asale saka ngendi, diukur panas awake nganggo alat kaya pistol" mengkono sambate tukang dagang sayur langganane. Pantes yen meh seminggu iki Kang Sayur ora nate ketok. Yu Jasri kepeksa 'ngeramban'. Masak sayur sak anane. Bejane, kakunge sregep nenandur ana ing pekarangan buri omah. Ana wite kelor, beluntas, kangkung, terong, kemangi, lombok lan pirang-pirang empon-empon wis sumadya ing kana. Malah ana pirang-pirang wit woh-wohan, kaya kates, gedhang, srikaya, pace, belimbing.

Alam pradesan pancen cocok kanggo wongkang taberi nenandur.

"Nandur siji wit, iku padha karo ngelakoni siji ngibadah" Kaya ngono panjawabe kakunge nalika Yu Jasri maido kakunge biyen.

"Ra perlu rekasa, lha nganggo dhuwit limang ewu wae wis oleh sayur sak kemarang"pacelathone Yu Jasri biyen. Nalika rega sayur lan bumbu murah banget.

Saiki dheweke lagi ngerti, yen jebule akeh guna paedahe nenandur. Luwih-luwih ing mangsa iki. Nalika manungsa padha katungkul mikir awake dhewe-dhewe. Jarene Pak Ustad nenandur iku melu sabiyantu pemerintah njaga kemandirian pangan.

Suwe kakunge ora metu saka jedhing. Kemlebat rasa kuwatir, aja-aja kakunge ngalami sing ora-ora.

"Kang!" suwarane dibanterke. Ora ana semahur.

"Kang! aja gawe kuwatirku" swarane Yu Jasri tansaya dhuwur.

"Kang, yen ora semahur, aku mlebu jedhing, lho"

Panggah. Ora ana semahur, namung ana swara watuk, minangka tandha yen kakunge nyemahuri pacelathone bojone, nanging ora kepingin ngomong.

"Ya wis, yen ngono. Bar adus nang gage dhahar! Wis tak cawiske godhong kelor kelan menir"

"Aku pamit, tak tinggal dhisik nang ngarep omah, mepe karak, mumpung isih panas!"

(ana candhake)

 

Gresik, 19 April 2020

 

 

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Ndelomong apa ndomblong....Lanjut

19 Apr
Balas

Tunggal dulur, Bu. Di Gresik biasanya menggunakan 'ndelomong', 'ngowoh', hihi.

19 Apr

Wah, candhake kedah nengga setunggal minggu malih niki...

19 Apr
Balas

Njih, Bu. Kersane Kang Paino cooling down riyin, hihi. Matur nuwun rawuhipun, Bu Yuniar.

19 Apr



search

New Post