Ahmad

Pegiat literasi di STAI YPBWI Surabaya, setiap tarikan napas adalah anugerah tak ternilai, tiap goresan pena adalah kurnia tak terhingga, siar segala bajik, ra...

Selengkapnya
Navigasi Web

Ujian kanggo Simbok

Simbok kewalahan, kuwangkalan. Jatah mangan sing biasane cukup kanggo sedina, lebar ra nganti sore. Anggota kompine lengkap, kap. Sakdurunge preinan merga Korona iki, ngliwet sak wakul kuwi mesthi nyisa, malah sisane bisa dinggo pakan iwak nang tambak. Lha Iki, wis seminggu, ra nganti sore, 'dagangane' laris. Malah, mesthi tekor. Piye jal. Iku durung nuruti rekuese kastamer papat ndhil sing mawerna-werna.

"Mbok, aku pingin digawekke tahu krispi," panjaluke Panengah. Kastamer paling rewel. Adhine ra gelem kalah, njaluk sosis tunon diolesi mertega. Pambarep, manut wae. Kabeh masakane Simbok jarene uwenak. Ora beda karo bapake, manut-manut wae. Lagek iki Simbok ngalami rekasane wong 'adol' panganan. Biasane nek tumbas panganan, terus bakule kesuwen olehe ngeladeni, njur Simbok nggremeng.

"Bakul ra niyat! Ngeladeni rong bungkus ae suwene kaya ngenteni kiamat." Ngenggo masang rai kaya dhuwit sewunan. Lungset.

Iku jik urusan panganan. Ana maneh kang luwih wigati, Simbok nduwe propesi anyar. Dadi guru dadakan. Anak telu, lanang kabeh. Sekolahe beda-beda. Sing weruju wis mahasiswa, sing tengah kelas pitu Esempe, terakir sing ragil isih kelas papat Esdhe. Kabeh oleh tugas dhewe-dhewe. Pambarep saben dina, kuliah ngenggo disyuting hp. Kaya nalika nggawe konten yutub. Tripod disiapna, ngombe dicepakna pinggir buku, ora lali sak toples nyemilan. Iki sing ndadekna kuota belanja kudu ditambah. Yen wis omong-omong karo dosen lan kancane raisa diganggu adhi-adhine.

Panengah iki, jejibahane paling akeh. Sing nggumunno kuwi, preinan kok malah ngungkuli dina adate. Saben dina oleh tugas anyar. Mase dikon ngrewangi ya ra Kober. Ngayahi kewajipane dhewe wae kadhang perlu direwangi. Yo kapeksa Simboke melu mbiyantu. Sinambi nguleg bumbu lodheh. Apa ra kojur ngene iki.

Ojo Takon piye kahanane omah. Anak lanang telu ngumpul sak omah. Biyuh, isa dibayangna kaya ngapa rupane. Omah kaya kapal pecah. Cah lanang-lanang, dikon nganggur seminggu nang omah, ya ra kuwat. Geringgingen. Bronpite mara-mara diuripi nang mbale. Ngenggo knalpot brong, lehe manasi ra lali dibleyer-bleyer pisan. Kuping ki umpama ora gaweyane Gusti Allah ngono ya wis serei. Diserpis.

Simbok lambene gopel. Kaya pangucape Bu Psikolog, jatah ngomong wong wadon, sedina suwengi mung 20 ewu ukara. Preinan Iki ya nganti kurang-kurang. Nganti ngutang jatahe bapake, dinggo pisan. Bapake santuy. Yen diwaduli mung mesam-mesem karo ngomong "Biyasa, anak lanang. Ra perlu digalih." Rumangsamu, Pak. Ya, raisa.

Nanging, ya isih ana sing nentremna penggalih. Adate angel bisa kumpul, dina-dina iki sabendina isa. Panengah, wektu sholat ra perlu diubyak, wis mangkat mesjid. Eh, samubarang iku pancen ngemu hikmah

Pangemute Gusti pancen sewu dalan. Jalaran mungsuh sing sak ipret. Ra ketok. Menungsa diemutke. Kuwasane Gusti ora bisa dilalekke. Nalika dunya brana dadi tujuwane urip. Ngelalekke tujuwan hakiki urip yaiku ngibadah marang Gusti Allah. Akeh sing sulaya. Kanggone Gusti Allah gampang. Kayadene kang wus ditamakke marang balatentarane Abrahah kang diubrak-abrik dening Ababil. Manuk cilik, nggawa watu cilik. Nanging, digdayane ngedap edapi. Kaya Jalut, Satriya pilih tandhing, kang adigang adigung adiguna, diasorke Daud. Cah cilik, ngenggo watu cilik. Kabeh nuduhno kuwasane Gusti

Jaman Saiki, nalika manungsa padha derengki srei kaya Abrahah, jubriya kadya Jalut. Pangemute Gusti njur mudhun. Ngemutke, supaya menungsa ora lali sangkan paraning dumadi. Ngelingke, yen isih ana babagan kang luwih wigati, ben uripe menungsa maedahi marang sapadha-padha, mbudidaya ridane Gusti.

Muga kita bisa ngeliwati pacobane Gusti iki. Ra perlu susah! Jaga karesikan. Urip sehat. Nuruti aturane pemerintah. Yen dikon social distancing, self isolating. ya dituruti ae. Pemerintah iku luwih paham kahanane negara. Sing penting aja nganti kelangan iman. Kelangan kabungahan. Urip kudu disyukuri.

Kutha Gresik, tanggal rolikur, wulan Maret, taun rongewu rongpuluh.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Hahaha.Lungset.

22 Mar
Balas

Hihi, kaya kain Sanyo lali ora disetrika.

22 Mar

Typo, Bu. Kain santiyo.

22 Mar

Sae sanget seratanipun... Pak

22 Mar
Balas

Alhamdulillah, matur suwun, Bu Khatijah

22 Mar

Simbok sing sabar nggeh

22 Mar
Balas

Njih, stok sabare teksih cukup, hihi. Matur suwun, Bu Habibah.

22 Mar



search

New Post